Soal-Soal bahasa jawa smk kelas X

A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e ing wangsulan kang bener !

Soal-Soal bahasa jawa smk kelas X

WARA-WARA
Wara-wara menika dipun giyaraken saking Panitia Aben Kawasisan Rumpun Basa Jawa SMK,
Konjuk dhumateng para kadang sutresna peserta aben kawasisan rumpun Basa Jawi ingkang sampun rawuh, kasuwun enggal-enggal lumebet dhateng Ruang Aula SMK Negeri 1 Bawang, ingkang saperlu badhe dipun aturaken perkawis-perkawis ingkang magayutan kaliyan kaleksananipun aben kawasisan.
Syarat-syarat aben kawasisan :
1. Aben kawasisan menika namung mligi katujoaken dhateng para siswa SMK kelas X lan 
    kelas XI kemawon.
2. Dipun buktekaken ngangge rapor ingkang sampun dipun legalisir dening Kepala Sekolah.
3. Masrahaken pas foto ukuran 2x3, 2 lembar.
4. Mbekta serat rekomendasi saking sekolahanipun.
Sedaya ingkang ndherek aben kawasisan ing mangke badhe kaparingan piagam.
Mbok bilih cekap semanten, para Bapak saha Ibu pendamping kasuwun mratitisaken dhumateng para siswanipun......sugeng makarya........maturnuwun.


1. Wara-wara nang dhuwur katujokaken kanggo sapa ?
a. Peserta seminar d. Bapak lan Ibu Guru
b. Peserta ujian e. Guru lan siswa
c. Peserta aben kawasisan


2. Nang ngisor iki sing ora klebu syarat-syarate melu lomba ,....
a. Nggawa surat rekomendasi saka sekolahan.
b. Masrahaken pas foto ukuran 2x3, 2 lembar.
c. Dibuktekaken nganggo rapor kang wis dilegalisir dening Kepala Sekolah
d. Mligi katujoaken kanggo para siswa SMK kelas X lan kelas XI
e. Dibuktekaken nganggo akte lair kang wis dilegalisir dening Kepala Kantor Capil


AKSARA JAWA
Ora saben basa kuwi nduweni aksarane dhewe, kayadene basa Indonesia, bahasa Melayu ora duwe aksara dhewe mula sing dinggo aksara latin. Dene basa Jawa kuwi nduwe aksara dhewe sing jenenge aksara carakan Jawa, jaman kuna nalikane wong Jawa durung katekan bangsa Walandi isih padha nggunakake aksara Jawa, nanging gandhéng kajajah dening bangsa Walanda mula wong Jawa diwarahi aksara latin lan nganti saprene basa Jawa ditulis nganggo aksara latin ora aksara Jawa maneh. Aksara Jawa kuwi wujud bakune ana 20 (rong puluh) sing urutane bisa diwaca hanacaraka, datasawala, padhajayanya, magabathanga. Aksara 20 (rong puluh) duwe pasangane dhewe – dhewe. Wujude aksara Jawa saiki meh padha karo aksara Bali mung bedane aksara Bali luwih jangkep dene aksara Jawa wis diowahi lan disuda wujud aksarane.


3. Pratelan nang ngisor iki wes trep karo wacan nang dhuwur, kejaba...
a. Wong Jawa diwarahi aksara latin dening Walanda
b. Aksara Bali luwih jangkep tinimbang aksara Jawa
c. Saben-saben basa kuwi nduweni aksarane dhewe
d. Aksara Jawa kuwi wujud bakune ana rong puluh
e. Basa Jawa kuwi nduwe aksara dhewe sing jenenge aksara carakan Jawa.


4. Andharan nang ngisor kiye sing trep karo wacana nang dhuwur yaiku…
a. Wong Jawa diwarahi aksara latin dening wong Sunda
b. Wujude aksara Jawa saiki meh padha karo aksara Bali
c. Saben-saben basa kuwi nduweni aksarane dhewe
d. Aksara Jawa kuwi wujud bakune ana telung puluh
e. gandhéng kajajah dening bangsa Walanda mula wong Jawa diwarahi aksara latin


Tangise pang-pang garing
kang kaprawasa dening angin
Tangise lemah-lemah nela
Jinemparing dening ketiga dawa
Tangise para tani
Katinggal mlayu dening Dewi Sri


5. Irah-irahan sing pas kanggo geguritan nang dhuwur yakuwe…
a. Mangsa paceklik
b. Mlayune Dewi Sri
c. Urip bebrayan
d. Piwelingku
e. Tangise pang garing

Gatekaken pethikan pawarta TV nang ngisor kiye!
Sugeng dalu pamirsa, kula Zuly Qurniawati badhe ngaturaken pawartos babagan sosial lan kabudayan saking Ngayogyokarta lan sakiwa-tengenipun. Ing dalu punika badhe kapurwakaaken pawartos Merti Dhusun ing Ngestiharjo, Kasihan, Bantul.
Minangka adicara ingkang ajeg dipuntindakaken saben kalih taun sepisan warga Ngestiharjo, Kasihan, Bantul ngadani adicara Merti Dhusun tuwin lomba Kirab Budaya kawiwitan tanggal 19-26 Pebruari taun 2012. Adicara menika mapan ing dhusun Rejodadi ananging ugi karegengaken ing tigang dhusun sanesipun, inggih punika dhusun Ongkobayan, Ngepreh, sarta Tegal Ongkobayan.

6. Temane pawarta nang dhuwur yaiku babagan…
a. Merti Dhusun
b. Lomba Kirab Budhaya
c. Nguri-uri budhaya Jawa
d. Sosial lan budhaya
e. Pendhidhikan lan Kabudhayan


7. Pawarta nang dhuwur digiyaraken nganggo Basa …
a. Krama Alus
b. Ngoko alus
c. Ngoko lugu
d. Krama andhap
e. Krama ndesa
MAKMUR NING AJUR
……………………………………………………………………………………………………………………..” mengko mbengi Mami arep kulak dagangan maring Bandung, Pap. Dadi Papi sing kudu njaga kiose. Eman-eman angger tutup, mengko rejeki atusan ewu ilang. Pokoke Papi kudu bisa ijin,” Omonge bojone tambah rosa, tur madan kesuh.

Sugeng ora semaur. Gagean motore destater terus diplayokna metu sekang ngumah maring sekolahan. Ora nganti seprapat jam wis gutul. Montor diparkir, Sugeng mlebu kantor terus njagong. Garapane sing wes tumpuk undung ora disenggol acan merga pikirane putek kemutan polahe bojone sing tambah wani goli ngatur wong lanang.

Jane Sugeng ya jengkel. Umpamane ora melas, bojone arep dikampleng supayane dadi kawus. Ning yen dipikir malah nambahi geger thok lan isin karo tanggane. Mulane Sugeng trima meneng bae. Sing aneh, Yanti gemiyen lagi isih mlarat ngundange Mas maring Sugeng. Siki bareng sugih ngundange Papi. Diundang Bu ora gelem karepe Mami.

8. Sekang pethikan cerkak nang dhuwur wateke Yanti yakuwe…
a. Sabar lan narima
b. Ngabekti maring wong lanang
c. Jujur lan ngati-ati
d. Wani lan seneng ngatur bojone
e. Seneng ngapusi

9. Uripe Yanti yen diumpamakna nganggo paribasan yakuwe…
a. Ana catur mungkur
b. Sing sapa nandur bakal ngunduh
c. Becik ketitk ala ketara
d. Jalukan ora wewehan
e. Kere munggah bale

10. Wacana sing duweni ancas kanggo aweh informasi babagan apa bae sing bisa nambahi pengetahuan/informasi maring sing maca lan sipatipun ilmiah utawi nonfiksi, iku wacana…
a. Deskripsi
b. Persuasi
c. Narasi ekspositoris
d. Narasi
e. Eksposisi

Gatekna pethilan pachelathon nang ngisor kiye !
Marsini : “Mas Nu, Mas Nugroho!”
Nugroho : “Ana apa Mbak?”
Marsini : “Njenengan kuwe awet nom ya, Mas!”
Nugroho : “Pancen aku rumangsane ya isih enom kok?, ha…ha…ha! …Lha njenengan arep tindak ngendi mbak ?”
Marsini : “Aku arep bali nyang Sragen Mas! Ning aku klebu wong dhusun, dadi saka kota Sragen ijih telung puluh kilometer maneh.”
Nugroho : “aku percaya yen panjenegan kuwi saka ndesa Mbak, ketara ayu.”
Marsini : “Alaah, ampun ngaten, mas! Wong kaya ngene kok diarani ayu. Terus sing elek kaya ngapa?”

11. Pachelathon nang dhuwur nggunakaken basa apa?
a. Krama Alus
b. Ngoko Alus
c. Krama Inggil
d. Ngoko lugu
e. Krama ndesa

12. Unen-unen nang ngisor iki sing ora klebu wangsalan yakuwe …
a. Jenang gula, kowe aja lali
b. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
c. Njanur gunung, gununge Gunung Slamet.
d. Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni
e. Mbalung klapa, dak bethek masa luputa.

13. Tembang Macapat sing gunggunge gatra paling akeh yakuwe ....
a. Mijil d. Asmarandana
b. Megatruh e. Dhandanggula
c. Maskumambang

14. Ukara nang ngisor iki sing nganggo basa krama alus kang trep yakuwe ....
a. Bu kula nyuwun artha Rp. 10.000 bae.
b. Sampeyan arep tindak ngendi kok sajake kesusu tenan.
c. Saben esuk aku nyaponi latar lan emper omah.
d. Menawi panjenengan kersa, kula aturi pinarak rumiyen.
e. Supaya lewih gamblang becike panjenengan tindak mriki wae.

15. Bapak menawi tindak kantor ....sepeda, dene kula menawi ....sekolah cekap mlampah kemawon.
a. Numpak – mangkat d. Nitih - bidhal
b. Nitih – tindak e. Numpak - bidhal
c. nggenjot - lunga

16. Serat Bharatayudha karipta dening .....
a. Empu Sedhah lan Panuluh d. Empu Triguna lan Panuluh
b. Empu Tantular lan empu Kanwa e. Empu Tantular lan Empu Sedhah
c. Empu Prapanca lan Panuluh

17. Nang ngisor iki sing ora klebu paugerane tembang Macapat yakuwe...
a. Guru lagu d. Dong-ding
b. Guru wilangan e. Guru swara
c. Guru Gatra
...............................................................................................................................................................
.........Bapak Dwija ingkang winantu ing pakurmatan, para kadang siswa ingkang tansah cinaket ing manah. Kangge murwakani adicara ing dinten menika, mangga sareng-sareng ngunjukaken raos suka syukur kita dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagat.......

18. Perangan sesorah nang dhuwur nelakaken ....
a. Panutup d. Pangarep-arep
b. Pambuka e. Peprenah
c. Titi Mangsa

19. Sakabehing tembung kang mratelakaken solah bawa utawa tandang gawe diarani ....
a. Tembung Lingga d. Tembug Wod
b. Tembung Kriya e. Tembung Aran
c. Tembung Camboran

20. ”Budi maca Panjebar Semangat, dene Rudy maca majalah Ancas”.
Ukara nang dhuwur klebu ukara camboran ….
a. Gandeng renteng d. Tugel
b. Tumpuk undung e. Wantah
c. Rowa sungsun

Gatekna pachelathon ing ngisor iki!

Ibu : “Sri, mbesuk yen Mbak Tati dadi nganten, kowe dadi dhomase yo!”
Sri : “ Kula lingsem Bu !”
Bapak : “Dadi bocah ora pareng isinan. Luwih-luwih dadi dhomas. Yen isin disawang rak ora patut.”
Ibu : “Bener Sri, ngendikane bapak kuwi. Coba isin karo sapa?”
Sri : “lingsem jaritan, Bu!”
Bapak : Lha rak wis lumrah ta, bocah wadon jaritan. Bapak bae mengkone ya nyampingan kok. Iki rak klebu kebudayaane dhewe.
Bapak : “Coba ngemben sawangen. Kabeh para tamu padha nyampingan. Sing kakung ya ngono, beskapan, nyampingan, tur ngagem dhuwung. Sinomane putri ya ngono. Kabeh padha nyampingan lan kebayakan.”

21. Nang busana kejawen, yen wong lanang lumrahe nganggo...yen wong wadon nganggo....?
a. Kebaya – beskap d. Kebaya - Beskap
b. Kebaya – Bathik e. Tank Top – Kebaya
c. Beskap - kebaya

22. “....Sing kakung ya ngono, beskapan, nyampingan tur ngagem dhuwung.” Tembung dhuwung padha tegese karo....
a. Blangkon d. Sabuk
b. Keris e. Sandal
c. Konde

23. Tembung Wod yaiku ....
a. Tembung sing wes baku d. Tembung sing mung sakecap
b. Tembung sing wes owah e. Tembung sing wandane ganep
c. Tembung silihan
Dewi Trijatha

Nalika Dewi Shinta dicolong dening Prabu Dasamuka lan dikunjara ing Taman Soka, dheweke dikancani Dewi Trijatha, ana wadone Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana kuwi anake Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha iki saben dina nglipur lan ngayomi Dwi Shinta saka godha lan parape Prabu Dasamuka kang kurang ajar.

Saben arep ngganggu, dewi Tijatha mesthi mbelani kanthi tenanan lan njaga supaya Dewi Shinta bisa tetep kajaga kasuciane. Dheweke mesthi ngalang-alangi niyate Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta nalika dikunjara ing Taman Soka.

24. Pratelan nang ngisor iki sing ora pas karo crita nang dhuwur yakuwe...
a. Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta
b. Dasamuka nduweni watek kang kurang ajar
c. Dewi Shinta dicolong lan dikunjara ing Taman Soka
d. Dewi Trijatha, ana wadone Prabu Dasamuka
e. Dewi Trijatha kuwi kapetung ponakane Prabu Dasamuka

25. Menawa diemataken kanthi premati sipate Prabu Dasamuka kuwe kepriwe ....
a. Eman lan wicaksana d. Seneng ngapusi
b. Srakah lan Culika e. Tuhu ing janji
c. Sawiyah-wiyah

26. Mbah, sumangga panjenengan …. rumiyin, kula …. mangke kemawon. Tembung-tembung kang trep kanggo njangkepi ukara nang dhuwur yaiku …
a. Tindak-lunga d. Lunga- Bidhal
b. Kesah-tindah e. Tindak-bidhal
c. Bidhal-lunga
Drama khayalan sing umume nyritakaken babagan kasekten, swasana urip nang istana utawa nang keraton, uripe dewa-dewi, kedadeyan sing ora biasane, lan liya-liyane.
a. Drama lawas d. Passie
b. Drama anyar e. Tablau
c. Drama komedi

…………Para rawuh ingkang minulya, mbok menawi namung menika ingkang saged kula aturaken, menawi kathah kalepataning atur saha solah bawa ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging pangaksami.

26. Pethikan pidhato ing dhuwur klebu peranganing,....
a. Pambuka
b. Isi Wigatining atur
c. Pangarep-arep
d. Panutup
e. Dudutan

27. ?wni zlh luau/ weksS[n. yen ditulis latin dadine...
Wani ngalah dawa walesane
Wani ngalah ora oleh upah
Wani lunga kudu wani bali
Wani ngalah dhuwur wekasane
Wani ngalah luhur wekasane


ANDHE ANDHE LUMUT
Critane jaman biyen ing Desa Dhadhapan, iku ana sawijining pawongan wadon kang mlarat banget jenenge Mbok Randha Dhadhapan. Uripe mung karo anake lanang sing bagus banget, arane Andhe Andhe Lumut. Wis akeh prawan sing padha nglamar nanging tansah ditolak.

“Kepriye le anakku lanang, apa kowe isih puguh ora nampa siji sijia penglamar kang tumuju marang sliramu Ngger?”, pitakone Nyi randha Dhadapan marang putrane sinambi nyambut gawe ana tritisan, nata watu saurute omah. Andhe Andhe Lumut sumaur lirih, “kulo dereng menggalih prakawis tiyang jejodhohan kok Yung”. Ngerti yen anake genah durung gelem rabi, Mbok Randha ya banjur leren olehe ngrembug bab kuwi.

28. Apa kang dikarepake simboke Andhe Andhe Lumut?
a. Andhe Andhe lumut arep dejodohaken karo randha.
b. Andhe Andhe lumut bingung milih calon rabine.
c. Andhe Andhe lumut ora karep rabi.
d. Kepengin supaya Andhe Andhe Lumut enggal jejodhoan.
e. Mbok randha dhadapan kepengin rabi maneh.

29. Andhe-andhe lumut anggone matur karo simboke nganggo basa apa ?
a. Ngoko d. Krama
b. Ngoko lugu e. Krama Alus
c. Ngoko Alus
………………………………………………………………………………………………
Para rawuh ingkang kinurmatan, almarhum kapundhut maraksowan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung dinten Kemis tabuh 01.00 wonten ing griya sakit. Sedanipun kawiwitan nandhang gerah sampun sawatawis dangu. Kulawarga saksaged-saged sampun budidaya ngusadani gerahipun, ngantos opname wonten griya sakit. Ananging saking kersanipun Gusti, budidayanipun kulawarga mboten kasil. Mugi dadosna pamriksa bilih almarhum ngantos tinimbalan ngancik yuswa 65 tahun.

30. Pethikan paragraf ing nginggil minangka satunggaling tuladha,...
Tanggap wacana pirembagan d. Tanggap wacana Atur bela sungkawa
Tanggap wacana pangrukti jenazah e. Tanggap wacana Walimatul ’urus
Tanggap wacana Merti Dhusun

31. Mugi dadosna pamriksa bilih almarhum ngantos tinimbalan ngancik yuswa 65 tahun.
Tembung sing digarisi ngisor nduweni teges …
Dhangan d. Seda
Diprentah e. Gerah
Ditambani

32. Candrane Mangsa karo yakuwe....
Sotya murca saking embanan
Bantala rengka
Waspa kumembeng jroning kalbu
Wisa kenthir ing maruta
Suta manut ing bapa

33. Taun kamardikane Indhonesia menawa disengkal dadine...
Catur Panca Trus Manunggal
Panca Catur Trus Manunggal
Panca Dasa Trus Manunggal
Catur Eka Trus Manunggal
Panca Sapta Trus Manunggal

34. ”Sirna ilang kertaning bumi”, kuwe sengkalane taun,....
a. 1800 d. 1500
b. 1700 e. 1300
c. 1600

35. Nyalin crita kuna saka Basa Kawi dadi Basa Jawa Anyar utawa basa sekaran diarani …
a. Yasan d. Petilasan
b. Jarwan e. Paesan
c. Wangunan

36. Nang ngisor iki kalebu kalimpatan sing kudu di duweni dening pujangga jaman kuna, kejaba….
a. Parameng kawi d. Mardibasa
b. Parameng sastra e. Nawung Krida
c. Langen tirta

37. Serat wedhatama yen ditulis nganggo aksara jawa dadine…
a. ?$er[tWdtm
b. ?$uer[tWdtm
c. ?$erteWdtm
d. ?$er[fWdtm
e. ?$er[tWdautm

38. ?wni memet]irayuni= …
Sesanti kang sinerat jawi ing nginggil jangkepanipun …
a. b=s d. p]j
b. ngr e. ssm
c. p]f=g

39. Menawa arep nulis Kitha Banjarnegara nganggo Program Pallawa mangka urut-urutane huruf lan karaktere yakuwe….
a. @iq* v j / n e g r
b. @iq * v J / n e g r
c. @iq * v J \ n e g r
d. @iq * V J / n e g r
e. @iq * v J / N e g r

40. “Diwulang kok ngembang duren, ndhlongop wae”. Unen-unen kasebut diarani…
a. Cangkriman d. Wangsalan
b. Parikan e. Pepindhan
c. Paribasan

1 Response to "Soal-Soal bahasa jawa smk kelas X"